Rabu, 03 Desember 2008

Kamandaka

Raden Kamandaka
(source: unknown)

Prakata

Legenda Raden Kamandaka dikenal ora mung nang daerah Banyumasan,
legenda kiye uga dikenal nang tanah Sunda. Legenda kiye uga biasane
diarani legenda Lutung Kasarung.

Raden Kamandaka jane dudu jeneng asli, jeneng asline jane Banyak
Cotro, dheweke kuwe salah siji putra Prabu Dewa Niskala, Raja Kerajaan
Pajajaran (Kawali).


Kerajaan Pajajaran (Kawali)

Gemiyen nang tanah Jawa bagian kulon ana Kerajaan sing amba tur kuat,
kerajaan kiye termasuk kerajaan Hindu lan duwe pengaruh nganti daerah
Jawa Tengah. Jeneng kerajaan kiye yakuwe Kerajaan Pajajaran. Raja
Pajajaran kuwe nduwe putra loro sekang permaisuri pertama, sing mbarep
jenenge Banyak Cotro, adine jenenge Banyak Ngampar, ningen putra
mahkota kiye wis ditinggal ibune dong esih cilik-cilik.

Bar ditinggal permaisurine, Raja Pajajaran kawin maning karo Dewi
Kumudaningsih lantes nduwe putra jenenge Banyak Blabur karo putri sing
jenenge Dyah Ayu Ratu Pamekas. Dong dipersunting dadi permaisuri, Dewi
Kumudaningsih ngaweh persyaratan sing monine: "Angger mengko nduwe
putra lanang, sing ngganti dadi Raja Pajajaran yakuwe putra lanange
kuwe".

Sebagai Raja sing bijaksana, Prabu Dewa Niskala kepengin nek sing
ngganteni dheweke dadi Raja mengko kudu diangkat sedurunge dheweke
meninggal ben tahta kerajaan kuwe ora dadi rebutan putra-putri
keturunane. Prabu Dewa Niskala pancen duwe akeh keturunan, salah
sijine jenenge Dyah Ayu Ratu Pamekas utawa Ratna Ayu Kirana (putri
bontot) sing dijodohna karo Raden Baribin. Raden Baribin kuwe kerabat
istana Majapahit, dheweke ramane Raden Banyak Sasro, Raden Banyak
Sasro kuwe ramane Raden Joko Kahiman.

Kerasa umure wis lanjut, Raja Pajajaran duwe rencana ngangkat putra
mahkota nggo calon Raja anyar mengko. Raja lantes ngundang putra putra
pertamane, Banyak Cotro sekang permaisuri pertama, karo Banyak Blabur
sekang permaisuri kelorone kanggo ngadep sang Prabu, maksude kuwe Raja
arep ngangkat salah siji putra mbarepe kuwe nggo dadi Raja Pajajaran.

Ndilalah keloro putra-putrane kuwe langka sing gelem diangkat dadi
raja, masing-masing ngerasa urung siap lan masing-masing ngaweh
werna-werna alesan. Banyak Cotro mengajokna alesan-alesan antarane:
Urung siap merentah Kerajaan merga dheweke ngerasa elmune urung cukup,
alesan liyane jere dadi raja kuwe kudu nduwe permaisuri ndisit nggo
dadi pendamping, mulane dheweke arep nggolet calon permaisuri ndisit
sing cocog. Cocog kuwe maksude sing raine juga ayune kudu mirip karo
raine ibune. Mengko angger wis kawin karo putri sing mirip ibune tembe
dheweke gelem diangkat dadi Raja Pajajaran. Bar kuwe Banyak Cotro
njaluk ijin lunga ming ramane nggo nggolet putri idamane.


Banyak Cotro Dadi Raden Kamandaka

Banyak Cotro mangkat sekang Keraton Kerajaan ming arah wetan,
ngeliwati Gunung Tangkuban Perahu, nang gunung kuwe dheweke ngadep
pendeta Hindu sing agi mertapa nang kana. Pendeta kuwe jenenge Ki Ajar
Winarong, kiye Pendeta sing sekti mandraguna, nduwe ilmu Kanuragan
sing duwur lan paham nek mengko suatu saat Banyak Cotro mesthi
berhasil mempersunting putri sing di idam-idamana, ningen asal bisa
menuhi syarat-syarat sing antarane: Banyak Cotro kudu bisa ngelepas
lan ninggalna kabeh pakaian kebesaran sekang Kerajaan, lan urip
sebagai rakyat biasa. Syarat liyane: Banyak Cotro kudu ganti jeneng
lan menyamar nganggo jeneng samaran Raden Kamandaka.

Raden Kamandaka terus mlaku ming arah wetan, akhire tekan ming wilayah
Kadipaten Pasir Luhur.

Mbuh kepriwe critane akhire Raden Kamandaka bisa ketemu karo Patih
Kadipaten Pasir Luhur sing jenenge Patih Reksonoto. Patih kiye mandan
seneng karo perilaku Raden Kamandaka, kebeneran maning, dheweke ora
nduwe putra. Akhire Raden Kamandaka diangkat dadi anak. Patih
Reksonoto seneng pisan tur bangga, siki dheweke wis nduwe anak angkat
sing gagah perkasa, ganteng lan nduwe perilaku apik. Raden Kamandaka
disayang banget karo ayah angkate.

Sementara kuwe nang Istana Kadipaten Pasir Luhur, sing merentah
sebagai Adipati yakuwe Adipati Kandandoho, dheweke nduwe putri-putri
sing ayu-ayu lan wis kawin kecuali sing bontot, sing jenenge Dewi
Ciptoroso. Ndilalah putri bontot Adipati kiye nduwe rupa sing mirip
banget karo ibune Raden Kamandaka. Sebagai putra Patih Reksonoto,
Raden Kamandaka jelas wis melebu nang lingkaran Istana Kadipaten Pasir
Luhur uga wis bola-bali ndeleng Dewi Ciptoroso. Raden Kamandaka yakin
pisan nek Dewi Ciptoroso kuwe putri sing diidam-idamna.


Raden Kamandaka Ketemu Dewi Ciptoroso

Wis dadi tradisi nang Kadipaten Pasir Luhur, saben tauh nganakna
upacara mancing iwak nang kali Logawa. Nang upacara kiye kabeh
keluarga istana Kadipaten, pembesar, pejabat pemerentahan melu mancing
nang kali Logawa. Sebagai Patih Kadipaten, Patih Reksonoto juga melu
upacara kuwe. Raden Kamandaka ora nyia-nyiaken kesempatan, dheweke
juga melu. Kiye kesempatan ketemu karo Dewi Ciptoroso. Nang pertemuan
kiyelah rasa tresna Dewi Ciptoroso lan Raden Kamandaka tumbuh.

Dina ganti dina purnama ganti purnama, Dewi Ciptoroso wis bener-bener
jatuh hati karo Raden Kamandaka. Dheweke mohon banget karo jantung
hatine angger saben mbengi marani dheweke nang taman Keputren Istana
Kadipaten. Jane kiye masalah tabu lan saru, ningen Dewi Ciptoroso wis
dimabuk kepayang. Ndilalah pas mbengi sing apes banget, ora sengaja
pertemuan rahasia kiye konangan karo prajurit pengawal Keputren. Raden
Kamandaka diarani maling sing arep nyolong nang Keputren, prajurit
langsung lapor ming atasane, akhire laporan kiye tekan juga ming
Adipati Kandandoho, Istana Kadipaten dadi geger. Adipati murka lan
merentahaken kabeh prajurit nangkap maling kuwe. Penangkepan maling
kiye gagal merga Ilmu Kanuragan Raden Kamandaka lewih duwur dibanding
pengawal-pengawal Istana Kadipaten, Raden Kamandaka lolos.

Sedurunge tarung lawan pengawal-pengawal Istana, Raden Kamandaka wis
berusaha ngandani nek dheweke dudu maling, dheweke kiye putra Patih
Reksonoto. Kejujuran Raden Kamandaka kiye malah dadi kesalahane sebab
ora patut dheweke ana nang Keputren Istana. Pimpinan prajurit langsung
lapor ming Adipati nek maling kuwe jebule putrane Patih Kadipaten
Pasir Luhur. Patih Reksonoto akhire depanggil Adipati lan diperentah
nyerahaken putrane nggo nerima hukuman. Patih Reksonoto manut ningen
atine abot banget, akhire Patih ngatur siasat ben putrane bisa lolos
sekang hukuman. Nganggo kesekten elmu kanuragane, Raden Kamandaka bisa
luput sekang pengepungan prajurit.

Raden Kamandaka lumpat nyebur ming kali terus nyilem melu arus banyu
kali. Prajurit Kadipaten nyebar nyusuri kali, ngenteni Raden Kamandaka
nylongob ning wis suwe pisan, Raden Kamandaka ora muncul juga. Patih
Reksonoto juga api-apine melu nggolet. Akhire kumandan
prajurit-prajurit bali ming Istana Kadipaten terus lapor maring
Adipati nek Raden Kamandaka wis tewas nang kali. Adipati ngerasa lega
ning putrine Dewi Ciptoroso sewalike, dheweke sedih ngrasa nelangsa
pisan, jantung hatine wis ora nana.


Raden Kamandaka Mengembara

Raden Kamandaka metu sekang kali. Dheweke terus mlaku ngetutna ilening
kali nganti akhire ketemu karo wong lagi mancing, sing jenenge
Rekajaya. Ringkesing crita, Rekajaya akhire dadi kancane Raden
Kamandaka. Dheweke uga netep lan manggon nang desa Panagih, desane
Rekajaya. Nang desa Panagih, Raden Kamandaka dadi anak angkate randha
mlarat sing jenenge mbok Kektosuro. Nang desa kuwe, Raden Kamandaka
dadi tukang adu ayam jago, kebeneran pisan mbok Kektosuro duwe ayam
jago sing jenenge Mercu. Saben adu ayam, Raden Kamandaka mesthi
menang, akhire dheweke dikenal sebagai botoh ayam.

Crita botoh ayam sekang desa Penagih kiye akhire keprungu tekan Istana
Kadipaten Pasir Luhur, krungu nek botoh kuwe jenenge Kamandaka,
Adipati murka, dheweke langsung aweh perentah ming prajurit kon
nangkep Raden Kamandaka urip utawa mati.

Dong Istana lagi ribut-ribut perkara nangkep Raden Kamandaka sing
lumayan sekti kuwe, ndilalah ijig-ijig teka nom-nom an ngganteng sing
ketone duwe ilmu kanuragan sing lumayan dhuwur, dheweke ngaku nek
jenenge Silihwarni lan kepengin ngabdi nang Kadipaten Pasir Luhur. Bar
diuji, Adipati nerima permohonan Silihwarni ning syarate, Silihwarni
kudu nyekel terus mateni Raden Kamandaka, lan nggawa getih karo ati-ne
Raden Kamandaka ming Istana, Silihwarni nyanggupi. Silihwarni jane
dudu jeneng asline, jenenge asline dheweke Banyak Ngampar sekang
Istana [Kerajaan Pajajaran], Banyak Ngampar kuwe sedulur lanang
(kakang cer)sing jenenge Banyak Cotro utawa Raden Kamandaka.

Silihwarni jane lagi ngemban prentah sekang Ramane Prabu Dewa Niskala,
prentahe yakuwe nggoleti kakange sing wis suwe ora nana kabare.
Silihwarni disangoni senjata pusaka Keris Kujang Pamungkas. Dheweke
nyaru dadi rakyat biasa. Nang perjalanan dheweke krungu nek Banyak
Cotro kakange kuwe lunga ming arah Kadipaten Pasir Luhur.

Bar nrima prentah Adipati Kandandoho, Silihwarni mangkat nggawa
prajurit karo anjing pelacak, araeh ialah ming desa Karanglewas. Desa
kiye pancen dadi pusat adu ayam.


Raden Kamandaka Lawan Silihwarni

Nang desa Karanglewas, Silihwarni karo Raden Kamandaka ketemu ning
masing-masing wis ora kenal, masing-masing wis kelalen karo rupa
sedulure. Silihwarni nganggo kelambi biasa sementara Raden Kamandaka
nganggo kelambi botoh ayam.

Adu ayam jago antara ayam Silihwarni karo Mercu (ayam nduweke Raden
Kamandaka) seru pisan, ningen merga ketone akeh wong sing tampang lan
rupane mandan asing lan ora biasa, penonton sing maune akeh siji-siji
lunga, ndeyan wedhi mbokan mengko ana kedaden sing ora bener. Raden
Kamandaka dhewek ora sadar nek dheweke siki wis dikepung prajurit
Kadipaten. Tiba-tiba isyarat perentah nyerang sekang Silihwarni keton,
prajurit-prajurit langsung nyerang Raden Kamandaka dipimpin
Silihwarni. Adu Ilmu Kanuragan antara Silihwarni lawan Raden Kamandaka
jane bisa seru ning merga Raden Kamandaka kaget, Silihwarni brasil
nancepaken Keris Kujang Pamungkas ming pinggang Raden Kamandaka. Raden
Kamandaka tetep ngelawan, arena tarung ngantek pindah nang desa liya.
Nang desa kuwe, Raden Kamandaka ngerasa getieh wis metu akeh, kuwe
marakna awake mandan lemes, akhire mbuh nganggo ilmu apa, Raden
Kamandaka brasil ngilang lolos sekang keroyokan pasukan Kadipaten.
Desa kuwe dijenengi desa Brobosan.

Silihwarni karo prajurite terus brusaha nggolet jejak Raden Kamandaka,
sementara Raden Kamandaka dhewek ngrasa awake wis kesel pisan, dheweke
leren sedela, enggon dong Raden Kamandaka leren kuwe dijenengi desa
Bancran.

Dituntun anjing pelacake, Silihwarni karo prajurite terus ngejar,
malah Raden Kamandaka brasil nangkep salah siji anjing pelacak
Kadipaten, enggon kuwe siki jenenge desa Karanganjing.


Raden Kamandaka nang Goa Jatijajar

Raden Kamandaka terus mlayu ming arah wetan ngantek akhire tekan ming
ujung dalan sing buntu, enggon kuwe dijenengi desa Buntu. Raden
Kamandaka terus mlebu alas ngatek akhire nemoni Goa, dheweke terus
mlebu nang goa kuwe. Bar nempuh perjalanan lumangyan adoh, Raden
Kamandaka leren nang jero goa.

Sementara kuwe Silihwarni karo prajurite terus ngejar debantu anjing
pelacake, ngantek akhire anjing kuwe mandeg nang ngarep goa.
Silihwarni yakin banget nek buruane mesthi ana nang jero goa, sambi
ngorong-ngorong Silihwarni nantang Raden Kamandaka. "Hei Kamandaka,
angger kowe ngerasa jago metu ngeneh !, arep tarung pirang jurus bae
tek ladeni, apa perlu nyong sing mlebu heh !" jere Silihwarni.

Sekang mulut goa metu suara mandan medeni, "Sih !!! nyong kiye putra
mahkota sejati Pajajaran, ora bakalan wedhi ora !". Dong nyebut
"sejati Pajajaran" Raden Kamandaka ngetokna sisa-sisa tenaga dalame,
kuwe marakna suarane menggema nang endi-endi, prajurit-prajurit
Kadipaten sing ngawasi sekang adoh juga krungu ning suarane wis ora
utuh apamaning kabeh prajurit kuwe padha nutup kuping merga ora kuat
nahan serangan Tenaga Dalam sing metu sekang suara kuwe, suara Raden
Kamandaka kuwe bener-bener marakna budeg. Sing krungu nang
prajurit-prajurit kuwe mung suara gema thok, "jati jajar...jati
jajar...jati jajar..." kaya kuwe, mulane Goa kuwe dijenengi Goa
Jatijajar.

Krungu Raden Kamandaka nyebut-nyebut jeneng Kerajaan Pajajaran,
Silihwarni kaget, dheweke langsung takon "Apa ko sekang Pajajaran juga
?", Raden Kamandaka njawab "Iya, lha rika sapa ?". Silihwarni ora
langsung njawab, dheweke mbathin "kiye meshti kakangku". Lantes
Silihwarni lumpat mlebu goa. Nang jero goa Silihwarni mbukak rahasia,
"Inyong Banyak Ngampar, apa rika Banyak Cotro ?". Akhire putra-putra
Prabu Dewa Niskala kuwe ketemu, suasanane haru banget.

Nang jaba prajurit-prajurit Kadipaten sing wis padha mandan budeg ora
krungu apa-apa, kabeh mung ngenteni nganti akhire Silihwarni lumpat
metu sekang goa langsung nyamber salah siji sisa anjing pelacake,
terus lumpat maning mlebu goa. Mandan suwe Silihwarni nang jero goa,
akhire dheweke metu nggawa bungkusan sing isine getih karo hati,
sementara anjing pelacake ora digawa metu. Getih karo hati kuwe ialah
bukti sing dijaluk Adipati Pasir Luhur dong aweh prentah ming
Silihwarni kon nggolet Raden Kamandaka.

Silihwarni langsung aweh prentah ming pasukane kon bali ming
Kadipaten, sementara prajurit-prajurite padha mbatin "Silihwarni kuwe
sekti pisan, Kamandaka sing sektine kaya kuwe be bisa dikalahna, malah
hatine dijukut getieh diperes, asu !".

Tidak ada komentar: